Kamis, 24 November 2016

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN

 Asslamualaikum Wr. Wb.
    Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, konco-konco kelas enem saha adik kelas ingkang kula tresnani.
    Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged kempal-manunggal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.
    Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kesupen kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas enem atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa saengga saget ngrampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun enem tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat belajar.
    Sedangunipun enem tahun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulowenthahnipun Bapak/Ibu Guru, ngantos wonten pangiketing batos sehingga karengkuh kados putra putri Bapak/Ibu Guru piyambak.
    Bapak ibu ingkang kulo kurmati tuwin adik adik ingkang kula trisnani. Sakedhap malih kula sakonco nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaten, pramila kapekso kula kaliyan konco-konco nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas setunggal dumugi kelas gangsal sanadjan ta sampun pepisahan ingkang ateges tebih ing netra ananging tansah Mewantu wantu penyuwun kulo supados taksih celak ing penggalih.
    Pawiyatan ingkang sampun matahun tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sakonco rumaos cuwa ing manah, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kawontenan saking kersaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten pepisahan, punika kados sampun  kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.
    Kula sakonco kelas enem ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas enem tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.
    Mboten kesupen ugi kulo dalah konco-konco kelas enem tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saha adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
    Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamit punika kulo panjang lebaraken. Kulo namung tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil
Mbok menawi wonten kiranging tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas enem tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
    Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
    Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar